SlideShare ist ein Scribd-Unternehmen logo
1 von 2
Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, Basa Austronésia iku sawijining rumpun basa sing
dipituturake ing Asia Kidul-Wétan, Madagaskar lan Oséania. Basa Jawa uga kagolong basa
Austronesia.
  ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning
bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan
Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka
Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname,
Curaçao lan ing Kaledonia Anyar.
        Basa Jawa ya dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa
Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé pangaruh luwih akèh
tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo
tembung Jawa.
        Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon
saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur
cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta
Kalimantan.
Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing
Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra.
Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah
wong Walanda ing wusananing abad kaping-18.
Basa Jawa bisa kaanggep salah sijiné basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasusastran sing
wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing
patang tahap:
     • Basa Jawa Kuna saka abad kaping-9
     • Basa Jawa Tengahan saka abad kaping-13
     • Basa Jawa Anyaran saka abad kaping-16
     • Basa Jawa Modhèrn saka abad kaping-20 (pratélan iki ora dienggo sacara umum)
        Basa Jawa ditulis mawa/migunakaké aksara Jawa, (salah sijiné keturunan aksara Brahmi saka
India), aksara Jawa-Arab (pégon) lan aksara Latin.
Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé
panutur ibuné. Basa iki dituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang
luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh
presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie
uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora nggumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing
perkembangané basa Indonesia.
Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan
dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka
Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih
bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).

Dhialèk-dhialèk basa Jawa
Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dhialèk sosial sing dibagé miturut hièrarkhi saka kasar
tekan alus dadi :
    • ngoko
    • madya
    • krama
ana basa sing mligi digunakake kanggo keperlon resmi karaton
    • bagongan (dianggo neng kraton Ngayogyakarta adiningrat)
    • kedhaton (dianggo neng kraton Surakarta adiningrat)
    • basa walikan (basa Jawa prokem)
Saliyané kuwi, ana dhialèk sing didasarké tlatahé lan ora sekabèhé dhialèk Jawa dimangarteni déning
kabeh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawetara ahli basa Jawa:
Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Saliyané iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan
Hattori nggambar peta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para pakar iki rada séjé lan ora sarujuk
siji lan sijiné.
Manut undha usuk utawa unggah-ungguhé:
   • Basa Ngoko
   • Basa Ngoko Alus
   • Basa Krama
   • Basa Krama Inggil

Gunané Basa lan kanggone Basa
Basa Ngoko
    1. Dienggo wong tuwa marang anaké
    2. Dienggo guru marang murid.
    3. Dienggo déning sepadha-padha kang wis kulina
    4. Dienggo ndhuwuran marang andhahan
Tuladha: Kowé gelem mangan sega lodèh mas?
Basa Ngoko Alus
    1. Dienggo déning wong-wong sapadha-padha sing wis kulina nanging isih ngajèni.
    2. Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajad luwih dhuwur.
Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sega lodèh Mas?
Basa Krama
    1. Dienggo déning wong kang durung raket banget.
    2. Dienggo déning wong kang durung tuang.
Tuladha: Sampeyan purun nedha sekul lodèh Mas?
Basa Krama Inggil
    1. Dienggo déning wong enom marang wong tuwa.
    2. Dienggo déning murid marang guru.
    3. Dienggo déning ngisoran marang dhuwuran.
Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sekul lodèh Mas?


Sumber
      (jv) W.J.S. Poerwadarminta. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff
      (en) E.M. Uhlenbeck. 1964. A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura.
      The Hague: Martinus Nijhoff,
      (en) S.A. Wurm and Shiro Hattori, eds. 1983. Language Atlas of the Pacific Area, Part II
      (Insular South-east Asia). Canberra.

Weitere ähnliche Inhalte

Andere mochten auch

Physiquekapferer brand identity model
Physiquekapferer brand identity modelPhysiquekapferer brand identity model
Physiquekapferer brand identity model
Ashunni
 
Fetita de pe terra kirill buliciov
Fetita de pe terra kirill buliciovFetita de pe terra kirill buliciov
Fetita de pe terra kirill buliciov
dan1977
 
Transformation of saccharomyces cerevisiae and other fungi
Transformation of saccharomyces cerevisiae and other fungiTransformation of saccharomyces cerevisiae and other fungi
Transformation of saccharomyces cerevisiae and other fungi
CAS0609
 

Andere mochten auch (11)

Präsentation saalto kontaktpflege journalisten
Präsentation saalto   kontaktpflege journalistenPräsentation saalto   kontaktpflege journalisten
Präsentation saalto kontaktpflege journalisten
 
Powerful tools for building web solutions
Powerful tools for building web solutionsPowerful tools for building web solutions
Powerful tools for building web solutions
 
SEA Link Checks mit Screaming Frog und Scripts
SEA Link Checks mit Screaming Frog und ScriptsSEA Link Checks mit Screaming Frog und Scripts
SEA Link Checks mit Screaming Frog und Scripts
 
Physiquekapferer brand identity model
Physiquekapferer brand identity modelPhysiquekapferer brand identity model
Physiquekapferer brand identity model
 
Fetita de pe terra kirill buliciov
Fetita de pe terra kirill buliciovFetita de pe terra kirill buliciov
Fetita de pe terra kirill buliciov
 
Winter Kuari Pass Trek, Uttarakhand
Winter Kuari Pass Trek, UttarakhandWinter Kuari Pass Trek, Uttarakhand
Winter Kuari Pass Trek, Uttarakhand
 
поради батькам, діти яких ідуть в 1.pptx презентація
поради батькам, діти яких ідуть в 1.pptx презентаціяпоради батькам, діти яких ідуть в 1.pptx презентація
поради батькам, діти яких ідуть в 1.pptx презентація
 
Dietary guidelines are right
Dietary guidelines are rightDietary guidelines are right
Dietary guidelines are right
 
Transformation of saccharomyces cerevisiae and other fungi
Transformation of saccharomyces cerevisiae and other fungiTransformation of saccharomyces cerevisiae and other fungi
Transformation of saccharomyces cerevisiae and other fungi
 
Tech-Talk: Python vs. Ruby
Tech-Talk: Python vs. RubyTech-Talk: Python vs. Ruby
Tech-Talk: Python vs. Ruby
 
The Butler and The Snake (Europython 2015)
The Butler and The Snake (Europython 2015)The Butler and The Snake (Europython 2015)
The Butler and The Snake (Europython 2015)
 

Ähnlich wie Jawa (6)

Ragam basa lan basa rinengga 1
Ragam basa lan basa rinengga 1Ragam basa lan basa rinengga 1
Ragam basa lan basa rinengga 1
 
Tugas tik (ria 10 015 089)
Tugas tik (ria 10 015 089)Tugas tik (ria 10 015 089)
Tugas tik (ria 10 015 089)
 
Bd8 kd2-wulangan 2 budaya
Bd8 kd2-wulangan 2  budayaBd8 kd2-wulangan 2  budaya
Bd8 kd2-wulangan 2 budaya
 
Bab 123teguh edit
Bab 123teguh editBab 123teguh edit
Bab 123teguh edit
 
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.ppt
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.pptGEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.ppt
GEGURITAN kelas x semester 2 smk/sma.ppt
 
ABDURRAHMAN JUNAIDI01
ABDURRAHMAN JUNAIDI01ABDURRAHMAN JUNAIDI01
ABDURRAHMAN JUNAIDI01
 

Jawa

  • 1. Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, Basa Austronésia iku sawijining rumpun basa sing dipituturake ing Asia Kidul-Wétan, Madagaskar lan Oséania. Basa Jawa uga kagolong basa Austronesia. ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnané bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning bawana Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Kajaba iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar. Basa Jawa ya dadi salah sijiné panyumbang sing gedhé dhéwé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa nduwé pangaruh luwih akèh tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo tembung Jawa. Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra sarta Kalimantan. Basa Jawa dipigunakaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18. Basa Jawa bisa kaanggep salah sijiné basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasusastran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap: • Basa Jawa Kuna saka abad kaping-9 • Basa Jawa Tengahan saka abad kaping-13 • Basa Jawa Anyaran saka abad kaping-16 • Basa Jawa Modhèrn saka abad kaping-20 (pratélan iki ora dienggo sacara umum) Basa Jawa ditulis mawa/migunakaké aksara Jawa, (salah sijiné keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pégon) lan aksara Latin. Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Mèh kabèh presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora nggumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaribawa akèh ing perkembangané basa Indonesia. Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible). Dhialèk-dhialèk basa Jawa Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dhialèk sosial sing dibagé miturut hièrarkhi saka kasar tekan alus dadi : • ngoko • madya • krama
  • 2. ana basa sing mligi digunakake kanggo keperlon resmi karaton • bagongan (dianggo neng kraton Ngayogyakarta adiningrat) • kedhaton (dianggo neng kraton Surakarta adiningrat) • basa walikan (basa Jawa prokem) Saliyané kuwi, ana dhialèk sing didasarké tlatahé lan ora sekabèhé dhialèk Jawa dimangarteni déning kabeh wong Jawa. Ing ngisor iki kapacak pamérangan miturut sawetara ahli basa Jawa: Poerwadarminta lan Uhlenbeck. Saliyané iku uga ditambah pamérangan Wurm lan Hattori. Wurm lan Hattori nggambar peta pamérangan dhialèk Jawa. Pamérangan para pakar iki rada séjé lan ora sarujuk siji lan sijiné. Manut undha usuk utawa unggah-ungguhé: • Basa Ngoko • Basa Ngoko Alus • Basa Krama • Basa Krama Inggil Gunané Basa lan kanggone Basa Basa Ngoko 1. Dienggo wong tuwa marang anaké 2. Dienggo guru marang murid. 3. Dienggo déning sepadha-padha kang wis kulina 4. Dienggo ndhuwuran marang andhahan Tuladha: Kowé gelem mangan sega lodèh mas? Basa Ngoko Alus 1. Dienggo déning wong-wong sapadha-padha sing wis kulina nanging isih ngajèni. 2. Dienggo wong tuwa marang wong enom kang drajad luwih dhuwur. Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sega lodèh Mas? Basa Krama 1. Dienggo déning wong kang durung raket banget. 2. Dienggo déning wong kang durung tuang. Tuladha: Sampeyan purun nedha sekul lodèh Mas? Basa Krama Inggil 1. Dienggo déning wong enom marang wong tuwa. 2. Dienggo déning murid marang guru. 3. Dienggo déning ngisoran marang dhuwuran. Tuladha: Panjenengan kersa dhahar sekul lodèh Mas? Sumber (jv) W.J.S. Poerwadarminta. 1953. Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff (en) E.M. Uhlenbeck. 1964. A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura. The Hague: Martinus Nijhoff, (en) S.A. Wurm and Shiro Hattori, eds. 1983. Language Atlas of the Pacific Area, Part II (Insular South-east Asia). Canberra.