Tugas 1 pembaruan dlm pembelajaran jawaban tugas tuton 1.docx
Rpp ix wayang
1. RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN
(RPP)
Satuan Pendidikan : SMP N 2 PATUK
Kelas/Semester : IX/2
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Materi Pokok : Cerita Wayang Bharatayuda
Alokasi Waktu : 8 x 40
A. Kompetensi Inti
1. Menghargai dan menghayati ajaran agama yang dianutnya
2. Menghargai dan menghayati perilaku jujur, disiplin, tanggung jawab, peduli
(toleransi, gotong royong), santun, percaya diri, dalam berinteraksi secara
efektif dengan lingkungan sosial dan alam dalam jangkauan pergaulan dan
keberadaannya
3. Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan prosedural) berdasarkan
rasa ingin tahunya tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya terkait
fenomena dan kejadian tampak mata
4. Mencoba, mengolah, dan menyaji dalam ranah konkret menggunakan,
mengurai, merangkai, modifikasi, dan membuat) dan ranah abstrak (menulis,
membaca, menghitung, menggambar, dan mengarang) sesuai dengan yang
dipelajari di sekolah dan sumber lain yang sama dalam sudut pandang/teori
B. Kompetensi Dasar – Indikator Pencapaian Kompetensi
Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian Kompetensi
1. 1.3 Menghargai dan
mensukuri keberadaan
bahasa Jawa sebagai
anugerah Tuhan Yang
Maha Esa sebagai sarana
menyampaikan informasi
lisan dan tulis.
1. Menghargai dan mensyukuri
keberadaan bahasa Jawa sebagai
anugerah Tuhan yang Maha Esa
sebagai sarana memahami
informasi lisan dan tulis
2. Menghargai dan mensyukuri
keberadaan bahasa Jawa sebagai
anugerah Tuhan yang Maha Esa
untuk mengajarkan pendidikan
karakter, adat, sopan santun
berbahasa serta bertingkah laku
yang menjalin sistem tat hubungan
masyarakat Jawa
2. 3.5 Memiliki perilaku
kreatif dan bertanggung
jawab dan santun
sebagai ciri khas
keistimewaan Daerah
Istimewa Yogyakarta
1. Memiliki perilaku kreatif dan
bertanggung jawab dan santun
sebagai ciri khas keistimewaan
Daerah Istimewa Yogyakarta
3. 4.5 Memahami cerita
wayang Mahabarata
yang mengandung
ajaran moral
1. Mendemonstrasikan antawecana
wayang
2. Mengartikan kata penting
3. Menjawab pertanyaan isi bacaan
4. Menyebutkan perlengkapan
pertunjukan wayang kulit
4. 4.5 Menganalisa ajaran
moral dalam cerita
1. Meringkas cerita wayang
2. Menyebutkan nama tokoh, nama
2. wayang Mahabarata negara, kasatriyan,garwa, putra,
pusaka, ajian, dalam cerita wayang
3. Menyebutkan ajaran moral dalam
cerita wayang
C. Materi Pembelajaran
1) Coba antawecana utawa ginem antarane : Buyut Ijraka – Dewi Kunthi ing
ngisor iki praktekna kayadene patrape dhalang yen pinuju nindakake
kuwajiban!
Sumilake Pedhut Ekacakra
Ilustrasi Gambar : indonesiawayang.com
Buyut Ijraka ketiban urak kudu pasok pajeg marang Prabu Bakasura ing Ekacakra.
Tegese wong saomah iku salah siji kudu lila mati dadi pangane Prabu Bakasura. Tangise Buyut
Ijraka sakulawarga kapireng Dewi Kunthi. Dewi Kunthi sigra tumuju omah ngarep sawise
nggugah Bratasena.
Dwi Kunthi : “Kula nuwun, Ki Buyut. Daksawang kowe sakulawarga semune lagi padha
nandhang susah. Satemene apa ta sing njalari susahing atimu?”
Buyut Ijraka : “ O, Sang Dewi, prayoganipun jengandika boten sisah menggalih menapa-
menapa ingkang kedah kula sandhang.”
Dewi Kunthi : “Ki Buyut, yen ana wong wis nampani pitulungan liyan, ing mangka sing
nulungi lagi nandhang susah, lamun wong mau ora gelem melu ngrasakake,
ateges wong mau klebu golongane wong wuta ing budi. Mula saka iku
pratelaa, apa ta kang dadi susahing atimu?”
Buyut Ijraka : “Ndadosna kawuningana Sang dewi. Dusun Kakregan utawi Manahilan mriki,
kalebet wewengkon negari Ekacakra. Ingkang ngasta pusaraning praja, ratu
denawa, jejulukipun Prabu Bakasura. Prabu Bakasura menika karem mundhut
punjungan sekul gurih setunggal grobag, dalah tiyang setunggal ingkang
lumados saben dinten minangka dhaharanipun. Dene ingkang kajibah pasok
punjunganipun, inggih sedaya kawula ing laladan Ekacakra sajajahanipun
sarana giliran. Dhuh, Sang Dewi, dinten enjang menika kula kadhawahan urak
kedah pasok pajeg dhateng Prabu Bakasura. Giliging tekad, kula sabrayat
3. nedya pasrah jiwa raga dhateng Prabu Bakasura supados dipunmangsa
sesarengan.”
Dewi Kunthi : “Ki Buyut, tumindakmu kang kaya mangkono mau, padha karo kowe sabrayat
mati nglalu. Ing mangka mati nglalu iku dadi sirikaning agama, lan suksmane
ora tinampa ing Gusti sing gawe urip. Wis, Ki Buyut, kowe aja susahatimu.
Kowe tetepa ngayomi bojo lan anak-anakmu. Rilakna perkara iki
daksangkule.”
Buyut Ijraka : “Dhuh, Sang Dewi. Jengandika menika tamu kula ingkang kedah kula
mulyakaken. Mendah gujengipun jagad menawi kula ngantos ngurbanaken
tamu kangge kawilujenganipun kula sakulawarga. Awoning awon menawi
tiyang ngantos ngurbanaken tamu. Sampun temtu ing akhiratipun boten badhe
pikantuk pangapunten ing Gusti, lan salaminipun badhe dumunung ing naraka
jahanam.
Dewi Kunthi : “Ki Buyut, aku duwe anak lima lanang kabeh. Sing dakkanthi iki jenenge
Bratasena. Bratasena iki kajaba sentosa dhadha bahune, uga digdaya. Mula
yen Prabu Bakasura sing angkara murka iku tandhing yuda karo anakku, ora
bakal nganti suruping surya Prabu Bakasura bakal sirna saka lumahing jagad.
Mung wae piwelingku, samangsa Prabu Bakasura tekaning pati, kowe aja
wara-wara marang sapa wae!”
“Sena, wakilana Buyut Ijraka saanak bojone. Tuntasna perkara iki. Padhangna
jagad Ekacakra sarana kasantosanmu.”
Gancaring carita, ing dina candhake, Raden Bratasena budhal makili kulawargane Buyut
Ijraka marang negara Ekacakra. Grobag isi sega gurih lan ingkung pitik lima, digeret Bratasena.
Buyut Ijraka lumaku ing ngarep, dadi pituduh dalan. Pungkasane, Raden Bratasena gelut rame
karo Prabu Bakasura. Jumbuh karo unine sesanti “Sura dira jayaningrat lebur dening
pangastuti”, Bratasena kasil nyirnakake Prabu Bakasura.
Ing sapatine Prabu Bakasura, kahanan negara Ekacakra padhang sumilak, tata titi
tentrem. Dina patine Prabu Bakasura dianggep dina agung, dina suci tumuruning kanugrahan
uwal saka rasa giris lan miris, mula dina mau dimulyakake wong akeh ing laladan Ekacakra.
(Djaka Lodang. No.15,8 September 2001; kaowahi sawetara)
2) Negesi tembung
Tembung kang katulis miring kandel ing ngisor iki golekana tegese ana ing
bausastra utawa rembugen karo bapak-ibu guru!
1. Urak = giliran
2. Sigra = tumuli, enggal-enggal, age-age
3. Pratelaa = kandhaa, omonga
4. Kawuningana = sumurupa, weruha, ngertia
Wewengkon = laladan, rangkah, kukuban, wilayah, daerah
5. Ngasta pusaraning praja = nyekel paprentahan
Denawa = yaksa, raseksa, wil, diyu, danuja, buta, gandarwa
Jejulukipun = jenenge, arane
Katrangan : ana ing basa pedhalangan kanggo “nyebut jeneng” iku beda-beda
trap-trapane.
Satriya = kekasih, wewangi (Kekasihku Raden Janaka = Jenengku raden Janaka)
4. Dewa = bebisik (Bebisik Sang Hyang Narada = Jenenge sang Hyang Narada)
Pandhita = peparap
Buta = praceka
Ratu = jejuluk
6. Kajibah = kawajiban
Punjungan = paweweh panganan saka reh-rehan
7. Giliging tekad = bundering tekad, gemblenging tekad, wis mateng rembuge/tekade
8. Sangkul = pikul
9. Wara-wara = kandha-kandha
10. Jumbuh = rujuk, nunggal karep
Sesanti = semboyan = ukara kang isine pepuji utawa donga, tekad kang kuwat,
pangarep-arep utawa pituduh kanggo tuntunan urip ing bebrayan. Kadhangkala
sesanti iku tinemu ing paribasan, nanging ora mesthi sesanti awujud paribasan.
Materi Pertemuan 3 & 4
Ing ngisor iki ana crita wayang cacahe loro kanthi ngrembug : Adipati Karna lan Raden
Abimanyu pilihen salah siji bae, wacanen batin tokoh wayang kasebut, sawise rampung
anggonmu maca nuli garapen :
1. Ngringkes carita
2. Nulisake jeneng-jeneng tokoh wayang kang ana ing crita
3. Nulisake jeneng negara/Kasatriyan, garwa, putra, pusaka, ajian, lan liya-liyane
kang ana sambung rapete karo crita
4. Nulisake piwulang becik kang pantes ditiru
5. Nulisake tumindak kang ora pantes ditiru
Adipati Karna
Adipati Karna utawa Basukarna iku ratu ing Ngawangga (Awangga), negara cilik
kebawah negara Astina. Dasanamané : Basukarna, Basusena, Bismanthaka, iya Suryatmaja
utawa Suryaputra kang mengku teges putrané Bathara Surya.Garwané asma Dèwi Surtikanti,
putriné Prabu Salya ratu ing Mandaraka. Dèwi Surtikanthi iku mbakyuné Dèwi Banowati
(garwané Prabu Duryudana), mula ing padhalangan Prabu Duryudana yèn ngaturi Prabu Karna,
"Kaka Prabu Karna" utawa "Kaka Adipati Karna".
Adipati Karna iku sedulur Janaka kang tunggal ibu nanging séjé rama. Ramané Adipati
Karna iku aran Bethara Surya, déné yèn ramané Janaka iku Pandhu Déwanata, ibuné padha-
padha Dèwi Kunthi.
Patuladhan saka dhèwèké nalika ana perang Baratayuda Adipati Karna iki ora mbéla marang
prajurit Pandhawa, nanging sabiyantu marang prajurit Ngastina, jalaran dhèwèké kepéngin
males budi kabecikan marang raja ing Ngastina iya Sang Prabu Duryudana.
Duk rikala semana Adipati Karna lunga saka praja disiya-siya déning ibuné, malah
kelakon dilarung ing Bengawan Swilu gangga, sawusé ngancik diwasa arep mèlu mupu
sayembara panah waé ora olèh, dupèh dudu putrané raja, rikala iku banget lingsemé lan lara
atiné adhipati Karna, ing wektu iku uga Duryudana banjur maringi tanah perdikan ing Angga lan
ngiras pantes diepèk dadi putra angkaté raja ing Ngastina mau. Ing sajroné ati adhipati Karna
aprasetya, "Iya seksènana bumi langit saisiné mbésuk kapan kelakoné aku bakal mbéla marang
wong kang bisa paring dalaning kamulyan uripku iki".
Karna pancèn putrané Bathara Surya lan Dèwi Kunthi, mula Karna iku klebu drajating
Wasu, yakuwi manungsa setengah déwa. Mula ora mokal yèn Karna kasinungan kadigdayan
kang linuwih. Prigel ulah warastra (jemparing) prasasat timbang karo keprigelané Arjuna.
Kejaba panah Kuntawijayadanu (Kunta Druwasa), pusakané Karna wujud keris aran Kiai
Kaladete (yèn ing padhalangan gagrak Sala sinebut Kiai Jalak). Aji-ajiné Karna yaiku aji
Kalalupa (bisa ngetokaké buta akèh banget), lan Naracabala (bisa ngetokaké gegaman manéka
warna).
Tembung Karna kuwi dhéwé sejatiné nduwéni teges kuping, amarga lairé seka kuping.
Critané mangkéné: nalika Dèwi Kunthi isih kenya naté meguru marang resi Druwasa kang sekti.
Karo sang resi Druwasa, Dèwi Kunthi diparingi mantra panggendhaming déwa aran
Adityahredaya iya Punta Wekasing Rasa Tunggal Sabda Tanpa Lawanan, kang dayané yèn
diwateg bakal nekakaké déwa sing lagi sela. Welingé sang resi, Dèwi Kunthi ora éntuk ngrapal
5. mantra kuwi sembarangan, yèn perlu temenan waé. Amarga péngén ngerti kasiaté mantra kuwi
sawijining dina Dèwi Kunthi ngrapal mantra saka sang resi. Kabeneran Déwa sing lagi sela
yaiku Bhatara Surya kang nguwasani srengéngé. Kocap kacarita Bhatara Surya seneng karo
Kunthi. Nalika ngerti yèn Dèwi Kunthi anggarbini banjur Bhatara Surya mbudidaya supaya
jabang bayi bisa lahir tanpa liwat guwa garba. Kanthi kasektenané Bhatara Surya, si jabang
bayi bisa dilairké saka kuping utawa karna. Mula banjur diparingi asma Karna. (Basukarna).
Bayi Karna nuli diwadhahi kendhaga, banjur dikelekaké ing bengawan Gangga. Ing
tembé bayi Karna ditemu déning kusir Adhirata.
Nanging miturut crita padhalangan jabang bayi Karna dadi putra angkaté Prabu Radeya ratu ing
Pethapralaya. Sawisé diwasa Karna bisa jumeneng ratu ing Awangga, amarga bisa ngalahaké
Prabu Karnamandra (Kala Karna), ratu ing negara iki. Patihé Karna asmané Patih Adimanggala
(Surahadimanggala).
Ana ing ngastina, Karna dadi senapatine perang. Dadi bebetenge negara ngastina. Ya Karna
iki kang tansah dadi urub-urub dumadine prang Bharatayuda. Amarga yen ora diojok-ojoki
Prabu Duryudana ora bakal wani perang mungsuh Pandhawa.
Ing perang Bharatayudha, Karna mbélani Kurawa. Satria iki ngerti yèn sejatiné Kurawa
kang salah. Nanging dhèwèké ngugemi jejer ing satriya kudu mbela sapa wong sing mbiyèn
mbela dhèwèké. Ing perang kuwi, Karna bisa maténi Gathotkaca nganggo pusaka
Kuntawijayandanu. Dhèwèké uga méh maténi Arjuna. Nanging panahé luput amarga Prabu
Salya nyendhal jarané. Salya nalika iku dadi kusiré Karna, kang sejatiné mantuné dhéwé. Déné
Arjuna dikusiri déning Kresna. Lakon iki kondhang kanthi irah-irahan Karna Tandhing amarga
Arjuna uga macak kaya Karna. Ing kéné, Karna mati kena panahé Arjuna, kyai Pasopati. Patine
Karna ing perang Bharatayuda dadi jalaran sirnane ambeg angkara budi candhala kang
sinandhang Prabu Duryudana sakadang. Dadi ora ketang sakuku ireng bebasane, Karna melu
andhil sirnane angkara murka ing jagad raya.
Adipati Karna iku salah sijining tokoh wayang sing kalebu antagonis ning bisa diarani
simpatik. Dhèwèké bisa kaanggep anti hero. Kaya déné Kumbakarna, Adipati Karna asring dadi
panutan ing perkara nasionalisme. Watake karna kang netepi janjine, ingalem dening KGPAA
Sri Mangkunagara IV ing Serat Tripama pada 5 lan 6 mangkene :
5. Wonten malih kinarya palupi,
Suryaputra narpati Ngawangga,
lan Pandhawa tur kadange,
len yayah tunggil ibu,
suwita mring Sri Kurupati,
aneng nagri Ngastina,
kinarya gul agul,
manggala golonganing prang,
Bratayuda ingadegken senapati,
ngalaga ing Kurawa.
6. Den mungsuhken kadange pribadi,
aprang tandhing lan Sang Dananjaya,
Sri Karna suka manahe,
dene sira pikantuk,
marga denya arsa males sih,
ira Sang Duryudana,
marmanta kalangkung,
denya ngetok kasudiran,
aprang rame Karna mati jinemparing,
sumbaga wirotama.
D. Kegiatan Pembelajaran
Pertemuan Pertama
a. Kegiatan Pendahuluan (10 menit)
1) Guru memberi salam,` Siswa merespon salam dari guru
2) Guru menunjuk salah satu siswa memimpin doa.
3) Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, siswa menerima
informasi dari guru
4) Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian
pembelajaran materi hari ini.
6. 5) Guru menampilkan dan memperkenalkan tokoh-tokoh wayang Mahabarata,
peserta didik memperhatikan
b. Kegiatan Inti (60 menit)
Kegiatan Guru Siswa
Mengamati Menayangkan gambar
tokoh wayang
Bharatayuda Lakon .
“Sumilake Pedhut
Ekacakra”
Siswa membangun konteks
pembelajaran dengan sikap peduli
dan santun, siswa mengamati
gambar tokoh wayang lakon
“Sumilake Pedhut Ekacakra”
(Kunthi, Buyut Ijraka, Bratasena,
Prabu Bhaka, dsb)
Menanya Guru memberi
kesempatan kepada siswa
yang lain untuk menjawab
pertanyaan arti kata sukar
yang ditanyakan .
Guru memberikan
penjelasan terhadap kata
sukar yang belum dapat
terjawab oleh siswa
Siswa bertanya tentang nama
gambar tokoh wayang yang
ditayangkan.
Siswa bertanya arti kata-kata
sukar dalam teks cerita “Sumilake
Pedhut Ekacakra”
Mengumpulkan
informasi
Guru memberi
kesempatan kepada siswa
untuk membuka kamus/
bau sastra jawa
Siswa berdiskusi mencari makna
kata
Siswa menuliskan arti kata sukar
di buku tulis
Mengasosiasi Guru memberi
kesempatan kepada
kelompok siswa untuk
berlatih antawecana .
Kelompok siswa berlatih
membaca antawecana teks
wayang “Sumilake Pedhut
Ekacakra” sesuai dengan karakter
masing-masing tokoh wayang
Mengkomunikasikan Guru menunjuk kelompok
siswa untuk maju di depan
kelas mendemonstrasikan
antawecana yang
dipelajarinya
Kelompok Siswa
mendemonstrasikan antawecana
didepan kelas
Kelompok siswa lain menanggapi
performent temannya.
c. Kegiatan Penutup (10 menit)
1) Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran dengan percaya diri.
2) Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat
memahami cerita wayang dengan jujur.
3) Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran
berikutnya dengan tanggung jawab.
Pertemuan Kedua
a. Kegiatan Pendahuluan (10 menit)
1) Guru memberi salam, Siswa merespon salam dari guru
2) Guru menunjuk salah satu Siswa memimpin doa, salah satu Siswa memimpin doa
3) Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Siswa menerima
informasi dari guru
4) Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran materi
hari ini, Siswa menerima informasi yang disampaikan guru
5) Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya
b. Kegiatan Inti (60 menit)
7. Kegiatan Guru Siswa
Mengamati
.
Guru menayangkan teks
cerita wayang lakon
melalui LCD
Guru memperhatikan proses
kegiatan membaca siswa
(penilaian sikap)
Siswa mengamati teks cerita
wayang
Siswa membaca teks cerita
wayang
Menanya: Guru memberikan
kesempatan siswa untuk
menjawab pertanyaan
bacaan
Siswa bertanya jawab tentang
isi teks cerita wayang
Bharatayuda
Mengumpulkan
informasi
Mengamati dan
membimbing proses
diskusi tentang isi teks
Bharatayuda
Berdiskusi membahas isi teks
cerita wayang Bharatayuda
Mengasosiasi Memberi umpan
(pancingan) untuk
menemukan pokok-pokok
pikiran pada tiap-tiap alenia
pada wacana cerita
Bhratayuda
Membimbing penyusunan
kalimat para peserta didik
dalam menulis cerita
Berlatih menulis pokok-pokok
isi cerita wayang Bharatayuda.
Berlatih menyusun pokok-
pokok isi cerita menjadi
rangkaian cerita Bharatayuda
dengan menggunakan
bahasanya sendiri.
Mengkomunikasikan Guru menunjuk siswa untuk
maju menuliskan pokok-
pokok pikiran pada tiap-tiap
alenia pada wacana cerita
Bharatayuda.
Siswa menuliskan pokok-
pokok pikiran pada tiap-tiap
alenia pada wacana cerita
Bharatayuda ke depan kelas.
Siswa menanggapi hasil
pekerjaan temannya.
c. Kegiatan Penutup (10 menit)
1) Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran dengan percaya diri.
2) Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat
memahami cerita wayang dengan jujur.
3) Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran
berikutnya dengan tanggung jawab.
Pertemuan Ketiga.
a Kegiatan Pendahuluan (10 menit)
1) Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru
2) Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik
memimpin doa
3) Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik
menerima informasi dari guru
4) Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran
materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru
5) Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya
6) Guru menayangkan gambar tokoh wayang bharatayuda (misal: Adipati Karno)
8. b. Kegiatan Inti (60 menit)
Kegiatan Guru Siswa
Mengamati . Guru menayangkan
teks cerita wayang lakon
melalui LCD
Guru memperhatikan
proses kegiatan
membaca siswa
(penilaian sikap)
Siswa mengamati teks cerita
wayang
Siswa membaca teks cerita
wayang
Menanya Guru memberi
kesempatan siswa
untuk menanyakan hal-
hal yang berhubungan
dengan tokoh wayang
yang dibahas
Siswa menanyakan hal-hal yang
berhubungan dengan tokoh
wayang yang disajikan dalam
tayangan LCD
Mengumpulkan
Informasi
Guru mengarahkan
siswa untuk berdiskusi
menemukan kalimat
Siswa berdiskusi mencari kalimat
inti dalam pokok cerita
Bharatayuda
Mengasosiasi Membimbing
peyusunan kalimat
menjadi ringkasan
cerita lakon
Bharatayuda dengan
menggunakan
bahasanya sendiri.
Berlatih menyusun kalimat
menjadi ringkasan cerita wayang
Bharatayuda dengan
menggunakan bahasanya sendiri.
Mengkomunikasikan Mengarahkan siswa
dalam mengungkapkan
ringkasan cerita
wayang Bharatayuda
dengan menggunakan
bahasanya sendiri.
Salah satu kelompok
mengungkapkan ringkasan cerita
wayang lakon Bharatayuda
secara tulis dengan menggunakan
bahasanya sendiri.
c. Kegiatan Penutup (10 menit)
1) Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran dengan percaya diri.
2) Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat
memahami cerita wayang dengan jujur.
3) Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran
berikutnya dengan tanggung jawab.
Pertemuan Keempat
a. Kegiatan Pendahuluan (10 menit)
1) Guru memberi salam, Peserta didik merespon salam dari guru
2) Guru menunjuk salah satu peserta didik memimpin doa, salah satu peserta didik
memimpin doa
3) Guru memberi informasi tentang materi yang akan disampaikan, Peserta didik
menerima informasi dari guru
4) Guru menyampaikan informasi tentang kompetensi dasar dan capaian pembelajaran
materi hari ini, peserta didk menerima informasi yang disampaikan guru
5) Guru mengingatkan kembali materi sebelumnya
9. b. Kegiatan Inti (60 menit)
Kegiatan Guru Siswa
Mengamati Mengamati isi cerita
wayang Bharatayuda yang
dibuat pada pertemuan
sebelumnya.
Menyimak isi teks cerita
wayang Bharatayuda pada
pertemuan sebelumnya.
Menanya Guru memberi
kesempatan siswa untuk
bertanya tentang unsur
cerita (nama dasanama
tokoh, kasatriyan, nama
pusaka, nama aji-aji, dsb)
Siswa menanyakan unsur cerita
Mengumpulkan
Informasi
Guru memberi contoh
amanat cerita
Siswa menemukan amanat
cerita wayang Bharatayuda
Mengasosiasi Membimbing untuk
menganalisi dan
menemukan amanat
(piwulang becik) dan
perbuatan buruk (yang
tidak pantas untuk ditiru)
dalam cerita wayang
Bharatayuda
Menganalisis dan menemukan
amanat (piwulang becik) dan
perbuatan buruk (yang tidak
pantas untuk ditiru) dalam
cerita wayang Bharatayuda
Mengkomunikasikan Mengarahkan siswa dalam
mengungkapkan dan
menanggapi amanat
(piwulang becik) dalam
cerita Bharatayuda.
Sebagai penengah atau
penyimpul materi.
Siswa mengungkapkan dan
menanggapi amanat (piwulang
becik) dalam cerita
Bharatayuda
c. Kegiatan Penutup (10 menit)
1) Guru bersama peserta didik menyimpulkan kegiatan pembelajaran dengan percaya diri.
2) Bersama guru, peserta didik mengidentifikasi hambatan-hambatan yang dialami saat
memahami cerita wayang dengan jujur.
3) Peserta didik menyimak informasi mengenai rencana tindak lanjut pembelajaran
berikutnya dengan tanggung jawab.
E. Penilaian Pembelajaran, Remedial dan Pengayaan
Metode dan Bentuk Instrumen
Metode Bentuk Penilaian
Sikap Spritual Lembar angket
Sikap Sosial Lembar observasi
Test unjuk kerja Lembar penilaian Unjuk kerja
Tes tertulis Uraian
1. Penilaian Sikap Spiritual
a. Teknik Penilaian : Penilaian Diri
b. Bentuk Instrumen : Lembar Penilaian Diri
c. Kisi-Kisi :
No Sikap / Nilai Butir instrument
1. Selalu menjalankan ibadah tepat Lampiran 1
10. waktu
2. Bersyukur atas nikmat dan karunia
Tuhan Yang Maha Esa
Penilaian Sikap Spiritual (Penilaian diri)
Instrumen
Observasi:
Digunakan untuk menilai sikap spiritual peserta didik,
pada indikator: Mengagumi keanekaragaman makhluk
hidup sebagai kesempurnaan makhluk ciptaan Tuhan.
Petunjuk:
1. Isilah lembar angket di bawah ini berdasarkan sikap yang Kalian dapatkan.
2. Berikan tanda check list pada alternative jawaban
Lembar Angket Penilaian Sikap Spiritual
No Pernyataan
Alternative
jawaban
SS S KS TS
1. Belajar tentang cerita wayang dapat
menambah keyakinan saya akan
kebesaran Tuhan Yang Maha Esa sehingga
saya akan selalu beribadah tepat waktu
2 Saya merasa bersyukur kepada Tuhan
Yang Maha Esa bahwa ternyata manusia
diciptakan sebagai makhluk yang paling
sempurna dari pada makhluk yang lain
3 Saya dapat merasakan manfaat
mempelajari cerita sehingga dapat
meningkatkan keimanan saya terhadapNYA
4 Saya menyadari akan kebesaran Tuhan
Yang Maha Esa dalam menciptakan
makhluk hidup yang beranekaragam
5 Saya menjadi lebih taqwa kepada Tuhan
Yang Maha Esa setelah belajar cerita
wayang ternyata manusia sangat
membutuhkan bantuan orang lain
Kriteria Penskoran
1. Sangat setuju (SS) : 4
2. Setuju (S) 3
3. Kurang setuju (KS) 2
4. Tidak setuju (TS) 1
PEDOMAN PENILAIAN
SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI
1 0,2 6 1,2 11 2,2 16 3,2
2 0,4 7 1,4 12 2,4 17 3,4
3 0,6 8 1,5 13 2,6 18 3,6
4 0,8 9 1,8 14 2,8 19 3,8
5 1 10 2 15 3 20 4
2. Penilaian Sikap Sosial
a. Teknik Penilaian : Observasi
11. b. Bentuk Instrumen : Lembar Observasi
c. Kisi-kisi
No
.
Nilai / Sikap
Butir instrument
1. Rasa ingin tahu Lampiran 2
2. Teliti
3. Hati-hati
4. Tanggung jawab
3. Penilaian Sikap Saat diskusi
a. Teknik Penilaian : Kinerja
b. Bentuk Instrumen : Lembar Observasi
c. Kisi-kisi
No Aspek yang
dinilai
Indikator Skor dan Kriteria
1 Sikap selama
kegiatan
diskusi
Perilaku yang
ditunjukkan pada
saat berlangsung
kegiatan diskusi kelas
1. Tidak tekun dan
kurang antusias
2. Kurang tekun dan
kurang antusias
3. Cukup tekun tetapi
kurang antusias
4. Cukup tekun dan
Antusias mengikuti
diskusi
5. Tekun dan antusias
mengikuti diskusi
2 Mengajukan
pertanyaan
Dapat mengajukan
pendapat dengan
baik
1. Pasip
2. Kurang aktif
3. Cukup aktif
4. Aktif
5. Sangat aktif
3 Menjawab
pertanyaan
Dapat menjawab
pertanyaan dengan
benar
1. Pasip
2. Kurang aktip
3. Cukup aktif
4. Aktif
5. Sangat aktif
4 Menerima
pendapat
orang lain
Menerima pendapat
orang lain (tidak mau
menang sendiri)
1. Tidak toleran dan
melecehkan
2. Tidak toleran
3. Cukup toleran
4. Toleran
5. Sangat toleran
PEDOMAN PENILAIAN
Skor total : 20
Nilai maksium : 100
12. TABEL SKOR
SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI
1 5 6 30 11 55 16 80
2 10 7 35 12 60 17 85
3 15 8 40 13 65 18 90
4 20 9 45 14 70 19 95
5 25 10 50 15 75 20 100
4. Penilaian Keterampilan
a. Teknik Penilaian : Unjuk kerja/Performent praktik antawecana
b. Bentuk Instrumen : Penugasan
c. Kisi-kisi :
Kisi-kisi unjuk kerja:
No Aspek yang dinilai Indikator Skor dan Kriteria
1 Wicara/
vocal/pengucapan
Menerapkan
aspek wicara
dalam membaca
1. Sangat kurang
2. Kurang
3. Cukup
4. Baik
5. Sangat baik
2 Wirama/ Naik
turunnya suara/
tinggi rendahnya
suara
Menerapkan
aspek wirama
dalam membaca
1. Sangat kurang
2. Kurang
3. Cukup
4. Baik
5. Sangat baik
3 Wirasa/ekspresi/
penjiwaan
Menerapkan
aspek wirasa
dalam membaca
1. Sangat kurang
2. Kurang
3. Cukup
4. Baik
5. Sangat baik
4 Wiraga/gerak/obah
mosiking
perangane awak
Menerapkan
aspek wiraga
dalam membaca
1. Sangat kurang
2. Kurang
3. Cukup
4. Baik
5. Sangat baik
5 Busana Memakai atau
mengenakan
pakaiaan yang
sopan sesuai
dengan unggah-
ungguh
1. Sangat kurang
rapi
2. Kurang rapi
3. Cukup rapi
4. Rapi
5. Sangat rapi
Skor maksimal 20
Lembar Penilaian Praktik analisis gambar tokoh wayang
Nama/ Kelompok : .......................................
Kelas : .......................................
Materi Pokok : Cerita wayang Bharatayuda
13. No Aspek Penilaian
Skor
1 2 3 4
A. Penyajian
1 Menanya/Menjawab
2 Argumentasi
3 Bahan Tayang/Display
B Laporan
1 Isi Laporan
2 Penggunaan Bahasa
3 Estetika
Jumlah skor
Pedoman Penskoran (rubrik) :
No Aspek Penskoran
1 Menanya/
Menjawab
Skor 4, apabila selalu menjawab/menanya
Skor 3, apabila sering menjawab/menanya
Skor 2, apabila kadang-kadang menjawab/menanya
Skor 1, apabila tidak pernah menjawab/menanya.
2 Argumentasi Skor 4, apabila materi/jawaban benar, rasional, dan jelas.
Skor 3, apabila materi/jawaban benar, rasional, dan tidak jelas
Skor 2, apabila materi/jawaban benar, tidak rasional, dan tidak jelas
Skor 1, apabila materi/jawaban tidak benar, tidak rasional, dan tidak jelas
3 Bahan
tayang
Skor 4, apabila sistematis, kreatif, menarik, mudah dibaca
Skor 3, apabila sistematis, kreatif, tidak menarik, mudaah dibaca
Skor 2, apabila sistematis, tidak kreatif, tidak menarik, mudah dibaca
Skor 1, apabila tidak sistematis, tidak kreatif, tidak menarik, tidak mudah
dibaca
4 Isi laporan Skor 4, apabila isi laporan benar, rasional, dan sistematika lengkap
Skor 3, apabila isi laporan benar, rasional, dan sistematika tidak lengkap
Skor 2, apabila isi laporan benar, tidak rasional, dan sistematika tidak
lengkap
Skor 1, apabila isi laporan tidak benar, tidak rasional, dan sistematika
tidak lengkap
5 Penggunaan
bahasa
Skor 4, apabila menggunakan bahasa dan penulisan sesuai EYD, serta
mudah dipahami
Skor 3, apabila menggunakan bahasa dan penulisan sesuai EYD, namun
tidak mudah dipahami
Skor 2, apabila menggunakan bahasa seuai EYD, namun penulisan tidak
sesuai EYD dan tidak mudah dipahami
Skor 1, apabila menggunakan bahasa dan penulisan tidak sesuai EYD
dan tidak mudah dipahami
6 Estetika Skor 4, apabila kreatif, rapi, dan menarik
Skor 3, apabila kreatif, rapi, dan kurang menarik
Skor 2, apabila kreatif, kurang rapi, dan kurang menarik
Skor 1, apabila kurang kreatif, kurang rapi, dan kurang menarik
PEDOMAN PENILAIAN
Skor total : 20
Nilai maksium : 100
14. PEDOMAN PENILAIAN
TABEL SKOR
SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI
1 5 6 30 11 55 16 80
2 10 7 35 12 60 17 85
3 15 8 40 13 65 18 90
4 20 9 45 14 70 19 95
5 25 10 50 15 75 20 100
5. Penil aian Pengetahuan
a. Teknik Penilaian : Tertulis
b. Bentuk Instrumen : Uraian
c. Kisi-kisi :
No Indicator Butir
Instrumen
1
2
3
4
5
Mengartikan kata penting
Menjawab pertanyaan isi bacaan
Menyebutkan perlengkapan pertunjukan
wayang kulit
Menyebutkan nama tokoh, nama negara,
kasatriyan,garwa, putra, pusaka, ajian,
dalam cerita wayang
Menyebutkan ajaran moral dalam cerita
wayang
Soal pilihan
ganda
Instrumen soal
1. Buyut Ijraka ketiban urak kudu pasok pajeg marang Prabu Bakasura. Urak, tegesipun
....
a. Pajeg c. Giliran
b. Cadhong d. Gaweyan
2. Sinten ingkang ngasta pusaraning praja negari Ekacakra ......Prabu Bhaka
a. Jejuluk c. Bebisik
b. Peparab d. Nama
3. Dewi Kunthi : “Ki Buyut, yen ana wong wis nampani pitulungan liyan, ing mangka sing
nulungi lagi nandhang susah, lamun wong mau ora gelem melu ngrasakake, ateges
wong mau klebu golongane wong wuta ing budi. Mula saka iku pratelaa, apa ta kang
dadi susahing atimu?”
Ngendikane Dewi Kunthi iki ngemu piwulang......
a. Kudu seneng tetulung
b. Nduweni sipat welas asih marang sapadha-padha
c. Melu ngrasakake susahing wong liya
d. Melu bela rasa luwih-luwih marang wong kang wis tau nulungi awake dhewe
4. Sinten ingkang sagah nggentosi Buyut Ijraka dados mangsanipun Prabu Bhaka?
a. Dewi Kunthi c. Arjuna
b. Bratasena d. Puntadewa
5. Buyut Ijraka : Dhuh, Sang Dewi. Jengandika menika tamu kula ingkang kedah kula
mulyakaken. Mendah gujengipun jagad menawi kula ngantos ngurbanaken tamu kangge
kawilujenganipun kula sakulawarga. Awoning awon menawi tiyang ngantos
15. ngurbanaken tamu. Sampun temtu ing akhiratipun boten badhe pikantuk pangapunten
ing Gusti, lan salaminipun badhe dumunung ing naraka jahanam.
Pratelan ingkang boten trep kaliyan aturipun Buyut Ijraka, inggih menika .....
a. Kita kedah mulyakaken tamu
b. Kita boten pareng ngorbanaken tamu
c. Sasae-saenipun tiyang menawi tiyang wau ngurbanaken tamu
d. Tiyang ingkang ngurbanaken tamu badhe langgeng mlebet naraka jahanam
6. Grobag isi sega gurih lan ingkung pitik lima, digeret Bratasena. Grobag menika tetumpakan
tradhisional ingkang dipungeret ....
a. Menda utawi lembu c. Lembu utawi maesa
b. Maesa utawi kuda d. Kuda utawi gajah
7. Ki dhalang lenggah sila tumpang, jempol sukunipun njepit ...... astanipun nyepengi
cempurit ringgit.
a. Blencong c. Keprak
b. Cempala d. eblek
8. .......menika pinangka pralambanging jagad gumelar
a. Kelir c. Blencong
b. Ringgit d. keprak
9. Wau dalu kula ningali ringgit wacucal wonten ing Sasana Hinggil Dwi Abad ......Kresna
Duta.
a. Judulipun c. Irah-irahanipun
b. Criyosipun d. Lampahanipun
10. Lagu kedaling swara siji-sijine wayang diarani .....
a. Sabetan c. Antawecana
b. Janturan d. Suluk
11. Asmanipun dhalang saking tlatah Ngayogjakarta inggih menika....
a. Ki Manteb Sudarsana c. Ki Anom Suroto
b. Ki Seno Nugroho d. Ki Enthus Suksmana
12. Perangipun Raden Arjuna mengsah buta cakil wonten ing pagelaran ringgit
kawastanan.....
a. Perang Kembang c. Perang gagal
b. Kapalan d. Goro-goro
13. “Bumi gonjang-ganjing, langit kelap-kelap, katon lir kincanging alis, lsp......”
Ukara menika wonten ing pagelaran ringgit kawastanan ....
a. Sabetan c. Janturan
b. Antawecana d. Suluk
14. Adipati karna menika sejatosipun putranipun .....
a. Dewi Kunthi c. Dewi Srikandhi
b. Dewi Banuwati d. Dewi Surtikanthi
15. Adipati Karna nggadhahi pusaka ampuh nama ....
a. Pasopati c. Cakra Baskara
b. Kunta Wijayadanu d. Gada Rujak Polo
16. Adipati Karna menika nata ing negari ....
a. Awangga c. Astina
b. Mandaraka d. Mandura
17. Watak saenipun Prabu Karna ingkang pantes dipuntulad inggih menika .....
a. Mbelani Prabu Duryudana
b. Nedya males kasaenanipun Prabu Duryudana ingkang sampun maringi kamukten
c. Tresna asih dhateng para kadang Pandhawa
d. Tansah mituhu dhateng ibu Kunthi
18. Ing perang Bharatayuda Adipati Karna mengsah Arjuna, wonten ing cariyos ringgit
purwa menika dados lampahan .....
a. Karna Tandhing c. Karna Mbalela
b. Ranjapan d. Karna Duta
19. Kaprawiranipun Adipati Karno dipunalem dening Sri Mangkunagara wonten ing Serat ....
a. Wedhatama c. Wulangreh
b. Tripama d. Bharatayuda
20. ................dados kusiripun Adipati Karno ing perang Bharatayuda.
a. Prabu Kresna c. Prabu Duryudana
b. Prabu Salya d. Prabu Baladewa
16. PEDOMAN PENILAIAN
TABEL SKOR
SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI SKOR NILAI
1 5 6 30 11 55 16 80
2 10 7 35 12 60 17 85
3 15 8 40 13 65 18 90
4 20 9 45 14 70 19 95
5 25 10 50 15 75 20 100
F. Media, Alat, bahan dan Sumber Belajar
Media :
o Lembar kerja siswa
o Lembar penilaian
Alat/Bahan:
o Spidol, papan tulis
o Laptop & infocus
Sumber Belajar
Assartini , Sujarno. 2015. LKS Handayani IX.Yogyakarta: Radhita Bhuana.
Yuwono. 2007. Pepak Basa Jawa. Semarang: Aneka Ilmu
Majalah bahasa Jawa Djaka Lodhang, Mekar Sari
Pengalaman peserta didik dan guru
---------------------------------------------------
Mengetahui, Patuk, 4 Januari 2016
Kepala Sekolah Guru Mata Pelajaran
HERI MISWANTO, M.Pd. Drs. Sujarno
NIP. 196107041983021003 NIP. 196601201994021007