4. Imbuh Kawruh:
Pangkon kanggo sulih pada lingsa
Menawa ing ukara Latin ana tandha koma (,) ing sangarepe tembung
kang sigeg, panulise mawa aksara Jawa tandha kang digunakake
dudu pada lingsa nanging pangkon.
Tuladha:
Aku tuku beras, tempe, lan tahu.
5. Imbuh Kawruh:
Pasangan sungsun
Ora kena ana pasangan sungsun ing ngisor aksara nglegena, mula
aksara kang sigeg ing ngarep kudu dipangku.
Nanging menawa pasangan kang sungsun iku salah sijine mapan ing
sandhinge aksara nglegena kena ditulisake.
Tuladha:
ambles
mundhut plester
6. Imbuh Kawruh:
Panulisan panambang -a
Menawa tembung kang pungkasane muni ‘o’ utawa ‘u’ oleh
panambang –a panulisane mawa aksara ‘wa’, kejaba menawa wanda
kasebut mawa aksara ‘wa’.
Tuladha:
mlebua
nganggoa
nawua
7. Imbuh Kawruh:
Panulisan panambang -a
Menawa tembung kang pungkasane muni ‘i’ utawa ‘e’ (taling) oleh
panambang –a panulisane mawa aksara ‘ya’, kejaba menawa wanda
kasebut mawa aksara ‘ya’.
Tuladha:
balia
nggulea
kapriyea
8. Imbuh Kawruh:
Panulisan panambang
Menawa ana tembung kang pungkasane sigeg oleh panambang,
panambange malih dadi aksara sesigege wanda iku
Tuladha:
sabara
nunggangi
godhogan
9. Imbuh Kawruh:
Panulisan sigeg ‘na’ ketemu aksara ‘ca’ lan ‘ja’
Menawa ana aksara sigeg ‘na’ ketemu aksara ‘ca’ lan ‘ja’ ing
satembung, sigege malih dadi ‘nya’. Nanging menawa beda tembung
sigege tetep ‘na’.
Tuladha:
mancing
lanjar
babon lan jago
10. Imbuh Kawruh:
Taling tarung palsu
Menawa ana wanda sigeg aksara irung ing sangarepe wanda wekasan kang menga
tanpa sandhangan swara, wanda kasebut tinulis mawa taling tarung palsu. Diarani
palsu amarga menawa tembung kasebut oleh panambang, taling tarung kasebut
ilang.
Tuladha:
nangka
ganda
nangkaku
gandane
11. Imbuh Kawruh:
Panulisan ater-ater anuswara
Tembung mawa ater-ater anuswara kang luluh/muni bareng
purwane tembung kang diater-ateri, ora kena kawiwitan nganggo
aksara ‘ha’.
Tuladha:
nemplek
nyrudug
nyapu
12. Imbuh Kawruh:
Panulisan ater-ater anuswara
Tembung mawa ater-ater anuswara kang ora luluh kawiwitan
nganggo aksara ‘ha’.
Tuladha:
ndableg
ndhodhog
njranthal
13. Imbuh Kawruh:
Panulisan tembung dwipurwa
Ing tembung dwipurwa, swara kapisan ditulis kaya swara kapisan
tembung linggane, kejaba menawa swarane taling tarung palsu.
Tuladha:
jaka => jejaka
suguh => sesuguh
tamba => tetamba