SlideShare ist ein Scribd-Unternehmen logo
1 von 11
MBAHHERFUL




SIMBAHKU
  LUCU
WELINGE
SIMBAHMU
Leeee … aja biasa golek rupa ayu
    Apa maneh sing kemayu
       Wis lenjeh ………….
 Gaweyane mung mlaku-mlaku
     Marahi entek donyamu
Sing didelok dudu atimu
Nanging tumpakanmu
Ya nek tumpakanmu Honda Jazz biru
La yen mung motor bodol cet-cetan ungu
Apa ra melas polahmuuuu … ?
Nyang ngendi-endi nggawane tisu
kuwatir pipine kena debu
Ora gelem yen mbok pakani tahu
Sida mengko pingsan seminggu
sing tuwa ngamuk nggawakke palu
Tenan leeee …..
Aja nganti kowe ketipu
Dikandani aja mung ngguya-ngguyu
Marahi mumet sirahku ………..
Apa kowe arep pamer untu
Kuwi untu apa paku
Mosok seminggu entek sikat telu
Timbang golek bocah ayu
Mending kowe tuku sapi wolu
Openana ben lemu-lemu
Pas Qurban didol wis payu
Marahi akeh duwitmu
Kena kanggo sangu
Nggenepi rukun Islammu
Sing ayu-ayu kanggo simbahmu
……………………………………
Nggiiiiiiiiiiiiiiiiiih
mbaaaaaaaaah

WELINGE SIMBAHKU