Pengerten, Jinis, Paugeran lan Tuladha Geguritan Kelas XII SMK/SMA Kurikulum 2013
1. GEGURITAN
ALFI IKHSANUL KHAQI (03)
EVA RIA SAFITRI (14)
HASNA UJI MAULDA (17)
RIJAL MAARIF (27)
RISA WIDIA WATI (29)
SITI ROHMAH (31)
SLAMET RIYANTI (32)
KELOMPOK 1
XII MULTIMEDIA 1
2. Pengerten Geguritan
Manut asal-usuling tembung geguritan asale saka tembung
“gurit” sing tegese kidung, tembang utawa tulisan sing wujude
ukiran utawa tatahan. Geguritan uga diarani guritan yaiku
puisi Jawa. Geguritan kuwi ora ditembangake nanging diwaca
nganggo wirama, wirasa lan wiraga manut surasane.
3. Paugerane Geguritan
Ora kaiket wewathon guru gatra, guru wilangan, lan guru
lagu.
Luwih ngutamakake babagan isine kang methes, apik,
endah, lan uga becik.
Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi
sawetra bae.
Isi pitutur, piweleng, kritik, protes, sindiran, pangresah,
pamundhut, lan sakpanunggalane.
5. Geguritan Kuna (Gagrag Lawas)
• Cacahe gatra (larikan)ora ajeg, nanging sithik-sithike papat.
• Cacahing Wanda (suku kata) ing saben gatra utawa larik
kudu padha akehe.
• Tibaing swara (guru lagu) kudu runtut.
• Sangarepe geguritan diwiwiti tembung “sun nggurit”,
utawa “Sun Ngegurit.
6. Geguritan Anyar
Geguritan anyar ora diwatesi pathokan-pathokan lan
paugeran kaya kang ana ing geguritan kuno. Pangripta
mardika (bebas) anggone medharake karep. Mula geguritan
anyar uga diarani geguritan bebas.
7. Tuladha Geguritan
Ature Simbah
Carang-carang kanga king
Amarga tanpa tumuruning tirta amerta
Nalika tiba ing titi wanci ketiga ngerak iki
Jun-jun kang sumendhe wis asat kawit wingi-wingi
Sambat tangis anggegirisi sumebar
Ing salumahe bawana
Jebul bener ature simbah wingi
Aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi
Banjur saiki coba delengen
Ijo royone gunung kidul omah kae
Kaganti dening jangkar-jangkar
Kang ndadekake bumi mranggas kaya dina iki
8. Majas kang kakandut ing tuladha geguritan kasebut
• Majas personifikasi ing :
tumuruning tirta amerta
Jun-jun kang sumendhe
Salumahe bawana
• Majas metafora ing :
aja kok ganti rambute bumi kanthi wesi kang njangkar bumi