4. Omah yaiku wewangunan sing
sengaja digawe kanggo papan
panggonan utawa papan
padunungan. Wong sing ora duwe
omah diarani wong sing ora
dunung
Tetimbangan wong gawe omah :
1. Ndwe lemah kanggo papan
ngedegake omah.
2. Nduweni bahan kanggo
ngedegake omah.
3. Nduweni prabeya kang cukup.
4. Pamilihing wektu kang prayoga.
Ilmu sing nyinau seni wwangunan omah dening
masyarakat Jawa diarani ilmu kalang, Ilmu kalang
wewangunan omah jawa iku ana 5 jenis, yaiku :
1.Pengang-pe, yaiku wewangunan sing ndwuweni
payon mung sesisih
2.Kampung, yaiku wewangunan kang nduweni
payon rong sisih
3.Limasan, yaiku wewangunan kanthi payon
patang sisih ing tengahe ana bumbungane
4.Joglo utawa Tikelan yaiku wewangunan kanthi
Saka Guru lan payon ana patang sisih , ing
tengahe ana bumbungane.
5.Tajug utawa mesjid yaiku wewangunan kanthi
Saka Guru lan payon ana patang sisih,tana
bumbungan ing tengahe, dadi wujud pencu ing
tengahe.
5. Joglo iku salah siji wangun omah tradisional ing
Jawa Tengah. Saliyané joglo ing Jawa Tengah
uga ana wangun omah limas.
Omah Joglo duwèni ciri kang khas yaiku
payone kang dhuwur kaya gunung .
Ciri cirine omah joglo :
o Payone kang duwur
o Nduweni gebyogan (tembok kayu gunane
kanggo mbatesi senthong tengah karo
pringgitan digawe saka kayu jati)
o Bagian payon pendhapane dhuwur kaya
gunung
o Duwe saka guru (cagak papat mapan ing
tengah)
Senajan awujud joglo, nyatane ana meneka
warna jinis, tuladhane : joglo Limasan
Lawakan, joglo Sinom, joglo Jompongan, joglo
Pangrawit lan joglo Mangkurat.
6.
7. Dumunung ing ngarep dhewe.
Pendhapa arupa bagean ngarep seng
nduweni ruangan jembar tanpa sekat
sekat, biasane pendhapa dipigunakake
kanggo nampa tamu utawa ruang
dolanan bocah-bocah lan papan kanggo
santai kaluwarga. Ruwangan iki uga
digunakake kanggo ngrembug
sawenehe perkara kang asipat
kadonyan.
8. 2. PRINGGITAN
Pringgitan iki iseh kalebu papan
umum/publik. Ing jaman mbiyen
ruwangan iki kerep digunakake
kanggo nggelar wayang kulit
utawa upacara tradsional liyane.
Ruwangan iki dibangun kanthi
ancas nuduhake yen menungsa iki
duwe kuwajiban nguri- uri lan
ngrembakake seni lan budaya
9. Dalem agung wujude persegi lan tinutup
dening gedheg ing patang sisih. Parengan iki
minangka perangan kang paling penting lan
baku ing wewangunan omah tradisional
Jawa.
Ing wiwitane fungsi utama ruwangan iki
saliyane kanggo ngaso utawa turu kang
duwe omah, yaiku kanggo nyimpen meneka
wujud pusaka lan piranti aji liyane.
Ing ndalem iki wonten senthong utawa
kamar. Senthong iku kapilah ana telu yaiku :
a. Senthong tengen
b. Senthong tengah
c. Senthong kiwa
10. Senthong tengen kang mapan
ana ing sisih tengen, ing
kamar iki sumadya
amben/dhipan lan piranti
kanggo turu liyane, kamar iki
kanggo turu lan leren tumrap
wong lanang.
Senthong tengah kang mapan ana
tengah diarani krobongan yaiku
papan kanggo nyimpen pusaka lan
pamujaan marang Dewi Sri. Papan
sing paling suci, sajrone krobongan
kasimpen bandha pusaka kang
nduweni makna gaib. Papan tengah
iki kanggo paturon kang sapisanan
kanggo nganten anyar.
Senthong sisih kiwa, ing
kamar iki sumadya amben
pepak piranti kanggo turu
liyane, minangka papan
kanggo turu lan ngaso
tumrape wong wadon.
11. Papane ana ing mburi dhewe.
Fungsine kanggo mangsak,
dhahar, lan kamar kanggo
adus. Nulad saka guna
pangganggone, mula
dipapanake ana ing mburi,
supaya wong liya ora ngerti
nalika sing duwe omah rerisik
dhiri lan dhahar.